15 Sawise angger-anggering Toret lan kitabe para nabi kawaca, para punggawaning papan pangibadah padha kongkonan matur marang sakarone: “Para sadherek, bokbilih panjenengan sami kagungan pangandika minangka pambangun saha panglipur tumrap umat punika, sumangga kula aturi nglairaken.”
16 Rasul Paulus banjur jumeneng sarta sawise paring sasmita kalawan astane, nuli ngandika: “Para sadherek Israel saha para ingkang sami ngabekti ing Allah, kula aturi sami midhangetaken.
17 Allahipun bangsa Israel sampun milih leluhur kita, tuwin kadadosaken bangsa ingkang ageng, nalika dados tiyang neneka wonten ing tanah Mesir, tumunten kairid medal saking nagari wau dening Panjenenganipun kalayan astanipun ingkang luhur.
18 Salebetipun kawan dasa taun Panjenenganipun atindak sabar tumrap sadaya pratingkahipun wonten ing ara-ara-samun.
19 Sarta sasampunipun nyirnakaken bangsa pepitu ing tanah Kanaan, Panjenenganipun lajeng mbage-bage tanah wau dhateng leluhur kita kadadosaken tanah pusaka.
20 Sasampunipun watawis kawan atus seket taun, lajeng kaparingan hakim ngantos dumugi ing jamanipun Nabi Samuel.
21 Sasampunipun makaten sami nyuwun kaparingana ratu. Gusti Allah nunten maringi Saul, anakipun Kisy, saking taler Benyamin, laminipun kawan dasa taun.