17 Allahipun bangsa Israel sampun milih leluhur kita, tuwin kadadosaken bangsa ingkang ageng, nalika dados tiyang neneka wonten ing tanah Mesir, tumunten kairid medal saking nagari wau dening Panjenenganipun kalayan astanipun ingkang luhur.
18 Salebetipun kawan dasa taun Panjenenganipun atindak sabar tumrap sadaya pratingkahipun wonten ing ara-ara-samun.
19 Sarta sasampunipun nyirnakaken bangsa pepitu ing tanah Kanaan, Panjenenganipun lajeng mbage-bage tanah wau dhateng leluhur kita kadadosaken tanah pusaka.
20 Sasampunipun watawis kawan atus seket taun, lajeng kaparingan hakim ngantos dumugi ing jamanipun Nabi Samuel.
21 Sasampunipun makaten sami nyuwun kaparingana ratu. Gusti Allah nunten maringi Saul, anakipun Kisy, saking taler Benyamin, laminipun kawan dasa taun.
22 Sasampunipun Sang Nata Saul kasingkiraken, Gusti Allah lajeng njunjung Dawud, kajumenengaken ratu. Tumrap Sang Prabu Dawud punika Gusti Allah sampun pratela: Ingsun wus manggih Dawud, anake Isai, wong kang ndadekake keparenging panggalihingSun sarta kang nglakoni sakabehing karsaningSun.
23 Inggih saking trahipun punika Gusti Allah, tetes kaliyan ingkang sampun kaprasetyakaken, miyosaken Sang Juru-wilujeng kangge tiyang Israel, inggih punika Gusti Yesus.