22 Sasampunipun Sang Nata Saul kasingkiraken, Gusti Allah lajeng njunjung Dawud, kajumenengaken ratu. Tumrap Sang Prabu Dawud punika Gusti Allah sampun pratela: Ingsun wus manggih Dawud, anake Isai, wong kang ndadekake keparenging panggalihingSun sarta kang nglakoni sakabehing karsaningSun.
23 Inggih saking trahipun punika Gusti Allah, tetes kaliyan ingkang sampun kaprasetyakaken, miyosaken Sang Juru-wilujeng kangge tiyang Israel, inggih punika Gusti Yesus.
24 Nalika ngajengaken rawuhipun, Nabi Yokanan sampun ngatag-atag dhateng bangsa Israel sadaya, supados sami mratobat saha kabaptis.
25 Salajengipun, nalika Nabi Yokanan sampun meh rampung anggenipun nindakaken ayahanipun, panjenenganipun ngandika makaten: Aku iki dudu kang kokkira, yen aku iki Panjenengane, nanging Panjenengane bakal rawuh sawise aku. Aku bok nguculi ageme trumpah saka ing sampeyane bae, ora pantes.
26 Nuwun, para sadherek trahipun Rama Abraham, saha para ingkang sami ngabekti ing Allah, kabar kawilujengan punika sampun kaparingaken dhateng kita.
27 Sabab para ingkang sami manggen ing Yerusalem saha para pangagengipun sami boten purun ngakeni Gusti Yesus. Saha margi saking anggenipun lajeng ndhawahaken paukuman pejah tumrap Panjenenganipun, sami njalari kayektosanipun pangandikaning para nabi, ingkang kawaos ing saben dinten Sabat.
28 Punapadene sanadyan boten manggih bab-bab ingkang njalari kaukum pejah, ewasamanten sami nyuwun sedanipun dhateng Sang Pilatus.