24 Nalika ngajengaken rawuhipun, Nabi Yokanan sampun ngatag-atag dhateng bangsa Israel sadaya, supados sami mratobat saha kabaptis.
25 Salajengipun, nalika Nabi Yokanan sampun meh rampung anggenipun nindakaken ayahanipun, panjenenganipun ngandika makaten: Aku iki dudu kang kokkira, yen aku iki Panjenengane, nanging Panjenengane bakal rawuh sawise aku. Aku bok nguculi ageme trumpah saka ing sampeyane bae, ora pantes.
26 Nuwun, para sadherek trahipun Rama Abraham, saha para ingkang sami ngabekti ing Allah, kabar kawilujengan punika sampun kaparingaken dhateng kita.
27 Sabab para ingkang sami manggen ing Yerusalem saha para pangagengipun sami boten purun ngakeni Gusti Yesus. Saha margi saking anggenipun lajeng ndhawahaken paukuman pejah tumrap Panjenenganipun, sami njalari kayektosanipun pangandikaning para nabi, ingkang kawaos ing saben dinten Sabat.
28 Punapadene sanadyan boten manggih bab-bab ingkang njalari kaukum pejah, ewasamanten sami nyuwun sedanipun dhateng Sang Pilatus.
29 Saha sasampunipun sami nglampahi sadaya ingkang sinerat tumrap ing Panjenenganipun, Panjenenganipun lajeng kaandhapaken saking kajeng salib tuwin kasarekaken.
30 Nanging nunten kawungokaken dening Gusti Allah saking antawisipun tiyang pejah,