41 Dieling, heh wong kang padha watek seneng ngremehake,padha erama lan sirnaa,sabab Ingsun nindakake pakaryan ing jamanira, sawijining pakaryan, kang ora bakal sira andel,saupama dicaritakake marang sira.”
42 Nalika Rasul Paulus lan Barnabas miyos, wong-wong padha nyuwun supaya karo-karone ing dina Sabat candhake karsa paring pangandika maneh bab prakara mau.
43 Sarampunge nindakake pangibadah, wong Yahudi lan para wong kang ngenut agama Yahudi kang padha ngabekti marang Allah, padha ndherek Rasul Paulus lan Barnabas; rasul loro iku padha paring piwulang lan pitutur marang wong-wong mau, supaya padha lestari dumunung ana ing sajroning sih-rahmating Allah.
44 Ing dina Sabat candhake meh wong sakutha kabeh padha nglumpuk ngrungokake pangandikaning Allah.
45 Nanging bareng wong Yahudi padha weruh wong akeh iku, banget panas atine lan padha madoni apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus kalawan ngala-ala.
46 Nanging Rasul Paulus lan Barnabas kanthi kendel mangandikani: “Pancen pangandikaning Allah iku kudu diwartakake marang kowe kabeh dhisik, nanging kowe padha nampik lan nganggep ora pantes tampa urip langgeng. Mulane aku banjur padha marani bangsa-bangsa liya.
47 Sabab aku padha diparingi dhawuh mangkene:Sira wus Suntetepake dadi pepadhangtumrap bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah,supaya sira dadi marganing karahayon nganti tumeka ing pungkasaning bumi.”