9 Nanging Rasul Saulus, kang uga asma Paulus, kang kapenuhan ing Roh Suci, nuli mancerengi dheweke
10 lan ngandika: “Heh, anak Iblis, kang kebak ing kaculikan lan piala, kowe iku mungsuhe sakabehing kayekten, apa kowe ora uwis-uwis anggonmu ngingerake Marganing Pangeran, kang lenceng iku?
11 Saiki delengen, astaning Pangeran nempuh marang kowe, kowe dadi picak, sawatara dina kowe ora bisa ndeleng srengenge.” Lan sanalika iku uga wong mau rumangsa kalimputan ing pepeteng lelimengan, sarta banjur grayah-grayah golek wong kang nuntun dheweke.
12 Ndeleng apa kang mentas kalakon iku, Sang Gupernur banjur pitados, sarta kagawokan marga saka piwulange Gusti iku.
13 Rasul Paulus sakanthine banjur tindak saka ing Pafos lan layar menyang ing kutha Perga ing tanah Pamfilia. Nanging Yokanan tumuli pamitan lan bali menyang ing Yerusalem.
14 Saka ing Perga padha nglajengake tindake menyang ing kutha Antiokhia ing Pisidhia. Bareng ing dina Sabat karone tindak menyang ing papan pangibadah, tumuli lenggah ana ing kono.
15 Sawise angger-anggering Toret lan kitabe para nabi kawaca, para punggawaning papan pangibadah padha kongkonan matur marang sakarone: “Para sadherek, bokbilih panjenengan sami kagungan pangandika minangka pambangun saha panglipur tumrap umat punika, sumangga kula aturi nglairaken.”