1 Ana ing Ikonium rasul karone iya lumebet ing papan-pangibadah wong Yahudi lan memulang, satemah wong Yahudi lan wong Yunani akeh kang padha manjing pracaya.
2 Nanging wong-wong Yahudi kang nampik pawartane, padha gawe panasing atine wong-wong kang ora wanuh marang Allah sarta gawe nepsune wong-wong mau marang para sadulur.
3 Rasul Paulus lan Barnabas lereb ana ing kono nganti sawatara mangsa, padha memulang kanthi kendel, amarga padha kumandel marang Gusti. Dene Gusti nyantosakake pawarta bab sih-rahmate iku kalawan paring panguwasa marang karone, kanggo nganakake pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat.
4 Nanging wong akeh ing kutha kono pecah dadi rong golongan; ana kang nganut wong Yahudi, lan ana kang nganut rasul karone.