15 “Para sadherek, kadospundi dene panjenengan kok sami tumindak makaten? Kula punika sami manungsa limrah kadosdene panjenengan sadaya. Kula wonten ing ngriki punika prelu ngabaraken Injil dhateng panjenengan, supados panjenengan sami nilara tumindak ingkang tanpa gina punika saha lajeng mratobat dhateng Gusti Allah ingkang asipat gesang, ingkang sampun nitahaken langit kaliyan bumi saha saganten dalah saisinipun sadaya punika.
16 Ing jaman ingkang sampun kapengker sadaya bangsa anggenipun sami lumampah ing marginipun piyambak, dipun kendelaken kemawon dening Gusti Allah,
17 nanging Panjenenganipun inggih tansah ngatingalaken kamirahanipun, inggih punika anggenipun maringi jawah sarta mangsa mirah dhateng panjenengan sadaya saking ing langit, sarta panggalih panjenengan tinuwukan ing tedha lan kabingahan.”
18 Sanadyan para rasul padha ngandika mangkono, ewadene meh-meh bae ora bisa mekak anggone padha caos kurban.
19 Nanging banjur ana wong Yahudi kang padha teka saka ing Antiokhia lan Ikonium, kang padha mbebujuk wong akeh, wasana Rasul Paulus banjur dibenturi watu lan kaseret menyang ing sajabaning kutha, jalaran dikira wis seda.
20 Nanging bareng karubung dening para siswa, panjenengane nuli wungu lan banjur lumebet ing kutha. Esuke banjur tindak menyang ing Derbe bebarengan karo Rasul Barnabas.
21 Rasul Paulus lan Barnabas anggone ngabarake Injil ana ing kutha kono oleh siswa akeh, banjur wangsul menyang ing Listra, Ikonium lan Antiokhia.