17 nanging Panjenenganipun inggih tansah ngatingalaken kamirahanipun, inggih punika anggenipun maringi jawah sarta mangsa mirah dhateng panjenengan sadaya saking ing langit, sarta panggalih panjenengan tinuwukan ing tedha lan kabingahan.”
18 Sanadyan para rasul padha ngandika mangkono, ewadene meh-meh bae ora bisa mekak anggone padha caos kurban.
19 Nanging banjur ana wong Yahudi kang padha teka saka ing Antiokhia lan Ikonium, kang padha mbebujuk wong akeh, wasana Rasul Paulus banjur dibenturi watu lan kaseret menyang ing sajabaning kutha, jalaran dikira wis seda.
20 Nanging bareng karubung dening para siswa, panjenengane nuli wungu lan banjur lumebet ing kutha. Esuke banjur tindak menyang ing Derbe bebarengan karo Rasul Barnabas.
21 Rasul Paulus lan Barnabas anggone ngabarake Injil ana ing kutha kono oleh siswa akeh, banjur wangsul menyang ing Listra, Ikonium lan Antiokhia.
22 Ana ing kono rasul karone padha nyantosakake atine para siswa sarta paring piweling, supaya padha mantep ing pracaya apadene padha dipangandikani, yen anggon kita lumebu ing Kratoning Allah iku, kalawan nglakoni sangsara akeh.
23 Ana ing saben pasamuwan para rasul mau padha netepake pinituwa-pinituwa kanggo pasamuwan iku, lan sawise ndedonga lan puwasa, para pinituwa mau padha dicaosake marang Gusti, kang dadi sumbering pracayane.