22 Ana ing kono rasul karone padha nyantosakake atine para siswa sarta paring piweling, supaya padha mantep ing pracaya apadene padha dipangandikani, yen anggon kita lumebu ing Kratoning Allah iku, kalawan nglakoni sangsara akeh.
23 Ana ing saben pasamuwan para rasul mau padha netepake pinituwa-pinituwa kanggo pasamuwan iku, lan sawise ndedonga lan puwasa, para pinituwa mau padha dicaosake marang Gusti, kang dadi sumbering pracayane.
24 Sawuse mangkono tumuli ndlajahi tanah Pisidhia kabeh lan banjur rawuh ing tanah Pamfilia.
25 Ana ing kono karone padha nggelarake pangandika ana ing kutha Perga, banjur tindak menyang ing kutha Atalia, ing pesisir.
26 Saka ing kono padha layar menyang ing Antiokhia. Ana ing kono anggone maune padha kacaosake marang sih-rahmating Allah supaya wiwit nglakoni ayahan, kang saiki wis dirampungake iku.
27 Sarawuhe ing kono banjur nglumpukake pasamuwan, padha dicariyosi bab samubarang kang wis katindakake dening Gusti Allah lumantar panjenengane sakaliyan; apadene bab anggone Gusti Allah wus mengani lawanging pracaya marang bangsa-bangsa liya.
28 Karone padha lereb ing kono nganti sawatara suwe, nunggil karo para siswa mau.