14 Ana sawijining wong wadon panunggalane, jenenge Lidhia, kang melu ngrungokake. Iku dadi bakul kain wungu, pinangkane saka ing kutha Tiatira, wong kang bekti ing Allah. Atine wis binuka dening Gusti, mulane migatekake marang apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus.
15 Sawise kabaptis sabrayat pisan, banjur darbe atur mangkene: “Manawi panjenengan sampun sami manggalih, bilih kula saestu pitados dhateng Gusti, sumangga sami kula aturi rawuh saha nyare ing griya kula.” Mangka banget panggubele, nganti aku kabeh kapeksa nuruti.
16 Ing sawijining dina nalika aku padha menyang ing papan pasembahyangan iku, aku padha nrenjuhi sawijining batur tukon wadon kang dadi prewangan sarta kang njalari lurah-lurahe oleh kauntungan akeh.
17 Iku ngetutake Rasul Paulus lan aku kabeh kalawan alok-alok, ujare: “Wong-wong iku abdine Gusti Allah kang Mahaluhur, kang martakake dalaning karahayon marang wong kabeh.”
18 Kang mangkono iku ditindakake nganti pirang-pirang dina. Ananging bareng Rasul Paulus wis ora tahan maneh marang anane rubeda iku, nuli minger sarta dhawuh marang roh iku: “Atas asmane Gusti Yesus Kristus, dhawuhku marang kowe: Metua saka ing wong wadon iki.” Sanalika iku uga roh mau iya banjur metu.
19 Kacarita bareng para lurahe wong wadon mau weruh, yen wis ilang pangarep-arepe bisane oleh pangasilan, banjur padha nyekel Rasul Paulus lan Silas, padha diglandhang menyang pasar katur ing pamarentah.
20 Sawuse padha diajokake marang ing ngarsane para panggedhene kutha kono, nuli padha matur: “Tiyang punika sami nggegeraken nagari kita ngriki, amargi sami tiyang Yahudi