26 Dumadakan banjur ana lindhu gedhe, talesing pakunjaran kongsi horeg; lan sanalika iku uga lawang-lawang padha menga, lan rantene wong kabeh padha ucul.
27 Lurahing pakunjaran kaget tangi lan bareng weruh lawange pakunjaran padha menga, banjur ngunus pedhang arep nglalu, awit ngira yen wong-wong ukuman wis padha mlayu.
28 Nanging Rasul Paulus tumuli nguwuh seru, pangandikane: “Sampun mbilaeni sarira, awit kula sadaya taksih wonten ing ngriki!”
29 Lurah pakunjaran banjur njaluk colok lan enggal-enggal lumebu apadene nuli sumungkem ana ing ngarsane Rasul Paulus lan Silas kalawan gumeter.
30 Tumuli padha diirid metu, karo matur: “Dhuh, para sadherek, punapa ingkang kedah kula lampahi, supados wilujeng?”
31 Banjur dipangandikani: “Kula aturi pitados dhateng Gusti Yesus Kristus, temah panjenengan badhe wilujeng, panjenengan dalah brayat panjenengan.”
32 Banjur diwartani pangandikane Pangeran, samono uga wong saisine omahe kabeh.