5 Marga saka mangkono pasamuwan-pasamuwan padha kasantosakake pracayane lan saya suwe saya wuwuh cacahe.
6 Kacarita lakune ngliwati tanah Frigia lan tanah Galati. Tumuli diampah dening Sang Roh Suci nggelarake Injil ana ing tanah Asia.
7 Satekane ing tanah Misia, banjur padha ngangkah lumebu ing tanah Bitinia, nanging Rohe Gusti Yesus ora marengake.
8 Bareng wis ngliwati tanah Misia, banjur tekan ing kutha Troas.
9 Bengine Rasul Paulus mirsani wahyu: ana wong Makedhonia ngadeg lan matur marang panjenengane: “Panjenengan kula aturi nyabrang mriki saha mitulungi kula sadaya!”
10 Bareng Rasul Paulus wis mirsani wahyu mau, aku kabeh banjur padha ngarah mangkat menyang ing tanah Makedhonia, awit marga saka anane wahyu mau, aku padha namtokake, yen Gusti Allah kang nimbali kakarsakake nggelarake Injil marang wong-wong ing kono.
11 Aku banjur padha mangkat nunggang prau saka ing Troas, terus ngener ing pulo Samotrake, lan esuke nuli menyang ing kutha Neapolis.