1 Bareng ing dina riyaya Pentekosta, kabeh wong padha nglumpuk.
2 Dumadakan ana swara saka ing langit, saemper sumiyuting angin gedhe, kang ngebeki saomah kang kanggo lelungguhan,
3 banjur padha ndeleng ilat-ilatan kaya urubing geni, kang ambyar lan nibani sawiji-wijining wong mau kabeh.
4 Tumuli kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci sarta banjur padha wiwit guneman nganggo basa-basa liya, bab kang kawisikake dening Roh supaya kalairake.
5 Nalika samana ing Yerusalem ana wong-wong Yahudi kang saleh saka sarupaning bangsa ing sangisoring langit.
6 Bareng ana swara mangkono mau, tumuli wong akeh padha teka kumrubut sarta padha kuwur atine, amarga saben wong krungu para rasul padha ngandika ngagem basane wong-wong mau.
7 Kabeh padha njenger kaeraman, banjur padha calathu: “Apa sing padha caturan iku dudu wong Galilea?