10 Frigia lan Pamfilia, Mesir lan ing wewengkone tanah Libia kang cedhak karo Kirene, wong-wong neneka saka ing nagara Rum,
11 iya wong Yahudi iya wong kang manjing agama Yahudi, wong Kreta lan wong Arab, kita krungu wong-wong iku padha calathu nganggo basa kita dhewe-dhewe bab pakaryan-pakaryan agung kang katindakake dening Gusti Allah.”
12 Kabeh padha kaeraman sarta bingung lan padha sapocapan mangkene:
13 “Apa ta tegese iki?” Nanging wong liyane ana kang ngece, calathune: “Wong iku rak padha mendem anggur manis.”
14 Rasul Petrus tumuli jumeneng dalah para kanthine sawelas, sarta ngandika kalawan swara sora marang wong-wong mau: “Para sadherek Yahudi saha panjenengan sadaya ingkang sami dedalem ing kitha Yerusalem, mugi sami nguninganana saha kula aturi midhangetaken atur kula.
15 Tiyang-tiyang punika boten sami mendem, kados panginten panjenengan, amargi sapunika saweg jam sanga.
16 Nanging inggih punika ingkang kapangandikakaken dening Gusti Allah lumantar Nabi Yoel makaten: