25 Awit Sang Prabu Dawud ngandika ing bab Panjenenganipun makaten:Aku tansah mandeng marang Pangeran,amarga Panjenengane jumeneng ing tengenku,satemah aku ora keguh.
26 Mulane atiku asukarena lan jiwaku asurak-surak;malah badanku bakal lerem kalawan tentrem,
27 amargi Paduka boten masrahaken kawula dhateng jagadipun tiyang pejah,sarta boten negakaken Abdi Paduka ingkang suci ngalami risak.
28 Paduka paring sumerep dhateng kawula bab margining gesang;Paduka badhe ngluberaken kabingahan dhateng kawulawonten ing pangayunan Paduka.
29 Para sadherek, kula keparenga matur dhateng panjenengan sadaya kalayan ngeblak bab Sang Prabu Dawud, leluhuripun bangsa kita. Panjenenganipun sampun seda saha kasarekaken, saha pasareanipun dumugi ing dinten punika taksih wonten.
30 Nanging panjenenganipun punika satunggaling nabi saha mirsa, bilih Gusti Allah sampun paring prajanji dhateng panjenenganipun kalayan supaos, bilih Gusti Allah badhe nglenggahaken satunggaling tedhakipun Sang Prabu Dawud piyambak wonten ing dhamparipun.
31 Margi saking punika panjenenganipun uninga saderengipun saha ngandika bab wungunipun Sang Mesih, inggih punika nalika ngandika, bilih panjenenganipun boten dipun tegakaken wonten ing jagadipun tiyang pejah, saha bilih sariranipun boten badhe risak.