40 Tuwin kalawan pangandika-pangandika liyane akeh maneh panjenengane paring paseksen kang sanyata marang wong-wong kabeh iku sarta padha diparingi pitutur, pangandikane: “Sami kula aturi sumingkir saking jinis ingkang kablinger punika.”
41 Wong-wong kang nampani pangandikane, padha kabaptis. Ing dina iku cacahe siswa wuwuh watara telung ewu.
42 Wong-wong mau padha ngantepi ing piwulange para rasul lan anggone tetunggalan sarta padha tansah nglumpuk, prelu nyuwil-nyuwil roti lan ndedonga.
43 Wong kabeh padha kadunungan rasa wedi, dene para rasul iku padha nganakake mukjijat lan pratandha akeh.
44 Sarta kabeh wong kang pracaya padha lestari manunggal, kabeh barang darbeke padha dianggep duweke wong akeh.
45 Apadene tansah ana panunggalane kang ngedol barang darbeke, banjur diedum-edumake marang wong kabeh, mawa-mawa kabutuhane.
46 Sadina-dina tansah padha nglumpuk ana ing Padaleman Suci kalawan tegen sarta saiyeg. Padha nyuwil-nyuwil roti ana ing omahe giliran, padha mangan bebarengan kalawan bungah lan ati kang tulus,