1 Bareng pagegere wis sirep, Rasul Paulus tumuli nimbali para siswa padha disantosakake atine lan swise pamitan banjur bidhal menyang ing tanah Makedhonia;
2 ndlajahi talatah kono sarta nyantosakake atine para sadulur ing kono kalawan pitutur akeh-akeh. Banjur rawuh ing tanah Yunani.
3 Sawuse telung sasi ana ing kono panjenengane arep layar menyang ing tanah Siria. Nanging ing nalika iku wong-wong Yahudi padha ngrantam arep nyedani panjenengane. Mulane wangsule karsa miyos ing tanah Makedhonia.
4 Tindake didherekake dening Sopater anake Pirus, wong ing kutha Berea, Aristarkhus lan Sekundus, karone wong ing kutha Tesalonika, Gayus saka ing kutha Derbe, Timoteus lan wong loro saka ing tanah Asia, yaiku Tikhikus lan Trofimus.