11 Bareng wangsul minggah, Rasul Paulus banjur nyuwil-nyuwil roti lan dhahar, isih ngandikan maneh nganti suwe, nganti wanci bang-bang wetan, banjur bidhal.
12 Nalika samana wong-wong padha ngeterake jejaka mau menyang ing omahe, wis urip, temahan kabeh padha banget lipure.
13 Aku padha ndhisiki nunggang prau lan layar menyang ing palabuhan Asos. Ana ing kono anggonku bakal padha methuk Rasul Paulus, awit piwelinge mangkono, dene panjenengane piyambak ngarsakake tindak miyos ing dharatan.
14 Bareng wis kapethuk karo aku ana ing Asos, banjur dakdherekake menyang kapal, tumuli mbacutake lelayaran menyang ing kutha Metilene.
15 Sawise mancal saka ing kono, esuke tekan ing sangarepe pulo Khios. Ing dina candhake aku padha menyang ing pulo Samos lan let sadina maneh tekan ing palabuhan Miletus.
16 Amarga Rasul Paulus wis ngrancang ora bakal mampir ing kutha Efesus supaya aja kesuwen ana ing tanah Asia. Sabab karsane ngenggalake tindake, supaya sabisa-bisa ing dina riyaya Pentekosta wis rawuh ing kutha Yerusalem.
17 Marga saka iku Rasul Paulus banjur utusan wong saka Miletus menyang ing Efesus nimbali para pinituwane pasamuwan.