16 Amarga Rasul Paulus wis ngrancang ora bakal mampir ing kutha Efesus supaya aja kesuwen ana ing tanah Asia. Sabab karsane ngenggalake tindake, supaya sabisa-bisa ing dina riyaya Pentekosta wis rawuh ing kutha Yerusalem.
17 Marga saka iku Rasul Paulus banjur utusan wong saka Miletus menyang ing Efesus nimbali para pinituwane pasamuwan.
18 Satekane padha dipangandikani mangkene: “Kowe padha sumurup, kapriye anggonku pitepungan karo kowe wiwit tekaku ana ing tanah Asia iki:
19 anggonku kalawan andhap asor ngabdi marang Gusti. Sajroning pangabdi iku aku kerep banget ngetokake eluh nganti carocosan sarta ngalami pangrencanane wong Yahudi pirang-pirang, kang arep mateni aku.
20 Sanadyan mangkono, aku ora tau nglirwakake apa kang migunani tumrap kowe kabeh. Kabeh wus dakcaritakake lan dakwulangake marang kowe, ana ing ngarepe wong akeh utawa ana ing pakumpulan-pakumpulan ing omahmu;
21 aku tansah ngyakinake marang wong-wong Yahudi lan Yunani, supaya padha mratobata marang Gusti Allah sarta padha pracayaa marang Gusti kita Yesus Kristus.
22 Nanging ing saikine aku lelaku menyang Yerusalem kayadene tawanane Sang Roh, aku ora ngreti apa kang bakal kalakon tumraping aku ana ing kana