27 Sabab aku ora nglirwakake ing bab martakake karsaning Allah kabeh marang kowe.
28 Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang padha dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak
29 Aku sumurup, yen saungkurku bakal ana asu ajag kang galak kang padha nekani kowe lan kang ora ngeman marang pepanthan mau.
30 Malah saka ing antaramu bakal ana wong kang padha muncul lan mulangake bab kang sulaya, pamurihe supaya bisa nggendeng para siswa saka ing dalan kang bener tuwin banjur padha ngenut marang wong-wong mau.
31 Mulane sing padha waspada lan padha eling-elingen, yen aku telung taun lawase, anggonku rina wengi ora kendhat-kendhat kalawan luh mituturi marang kowe dhewe-dhewe.
32 Dene saiki kowe padha dakpasrahake marang Gusti lan pangandikaning sih-rahmate, kang kuwasa mbangun kowe lan ngganjar marang kowe bagean kang katamtokake tumrap kabeh wong kang wis kasucekake dening Panjenengane.
33 Salaka utawa emas utawa sandhangan, aku ora tau kepengin, saka sapa bae.