6 Nanging sawise riyaya Roti Tanpa Ragi aku kabeh padha mancal saka ing kutha Filipi lan sawise patang dina tekan ing kutha Troas lan ketemu karo sadulur-sadulur mau kabeh. Ana ing kono aku padha nginep pitung dina.
7 Nalika ing dina kapisan ing minggu iku, aku padha nglumpuk nyuwil-nyuwil roti. Rasul Paulus reraosan karo para sadulur ing kono, jalaran karsane arep bidhal esuke. Anggone ngandikan iku nganti wanci tengah wengi.
8 Ing gedhong ing dhuwur kang padha dakanggo kumpulan iku, akeh damare.
9 Ing kono ana wong nom-noman jenenge Eutikhus, linggih ing cendhela. Sarehne Rasul Paulus suwe banget anggone ngandikan wong anom mau ora bisa nahan ngantuke. Wasana banjur keturon, temahan tiba saka ing tataran katelu. Bareng digotong, wong mau wis mati.
10 Nanging Rasul Paulus banjur mandhap, ngrungkebi wong anom iku, dirangkul kalawan ngandika: “Wis aja padha ribut, dheweke isih urip.”
11 Bareng wangsul minggah, Rasul Paulus banjur nyuwil-nyuwil roti lan dhahar, isih ngandikan maneh nganti suwe, nganti wanci bang-bang wetan, banjur bidhal.
12 Nalika samana wong-wong padha ngeterake jejaka mau menyang ing omahe, wis urip, temahan kabeh padha banget lipure.