14 Sarehne ora karsa ndhahar aturku kabeh, aku iya banjur mung sumarah sarta ngucap: “Karsane Pangeran muga kalampahana!”
15 Bareng ana ing kutha Kaisarea wis sawatara dina, aku nuli padha tata-tata sarta banjur mangkat menyang Yerusalem.
16 Para siswa ing Kaisarea iya ana sawatara kang padha melu, ngeterake aku kabeh menyang ing omahe sawijining siswa lawas kang aran Manason, wong saka ing Siprus, kang bakal dakpondhoki.
17 Nalika aku padha teka ing Yerusalem, kabeh sadulur nampani aku kalawan bungahing ati.
18 Esuke Rasul Paulus tindak bebarengan karo aku menyang ing daleme Sang Pinisepuh Yakobus; kabeh para pinituwa wis padha ana ing kono.
19 Sawise sesalaman, Rasul Paulus banjur nyaritakake kalawan wijang apa kang wus katindakake dening Allah ana ing antarane bangsa-bangsa liya sarana pangabdine.
20 Krungu kang mangkono iku, kabeh padha ngluhurake Gusti Allah. Banjur padha matur marang Rasul Paulus: “Sadherek, panjenengan nguningani, bilih tiyang Yahudi ewon ingkang sampun sami manjing pitados saha sami sregep nabereni ing angger-angger.