Lelakone Para Rasul 21:24-30 JAV

24 Punika kula aturi ngajak sesarengan sesuci, sarta kula aturi nyanggi wragadipun, supados sami saged cukur rambut. Margi saking makaten, tiyang sami badhe saged sumerep, bilih sadaya pawartos bab panjenengan ingkang sami dipun pireng punika boten nyata babar pisan saha bilih panjenengan lestantun netepi angger-anggering Toret.

25 Wondene bangsa-bangsa sanes, ingkang sampun sami manjing pitados, punika sampun sami kula kintuni serat, ingkang isi putusan kita, inggih punika: bilih kedah sami nyirik tetedhan, sesajening brahala, rah, daginging kewan tetakan, punapa dene lampah jina.”

26 Ing dina candhake Rasul Paulus banjur ngajak wong-wong mau lan sawise sesuci bebarenga, nuli padha lumebu ing Padaleman Suci sarta pratela, yen pundhate dina pasucene iku besuk samasa kurbane sawiji-wijine wus kasaosake.

27 Nalika ngarepake pundhate pitung dinane, wong-wong Yahudi kang teka saka ing tanah Asia padha weruh Rasul Paulus ana ing Padaleman Suci, banjur nggegerake rakyat lan nyekel panjenengane,

28 karo nguwuh-uwuh: “He, wong-wong Israel, tulung! Iki wonge sing ana ing ngendi-endi mulang marang wong-wong supaya nglawan bangsa kita lan angger-anggering Toret sarta panggonan iki! Lan saikine dheweke ngajak wong-wong Yunani lumebu ing Padaleman Suci lan najisake panggonan suci iki!”

29 Amarga sadurunge padha sumurup Trofimus wong Efesus bebarengan karo Rasul Paulus ana ing kutha lan ngira, yen diajak Rasul Paulus lumebu ing Padaleman Suci.

30 Wong sakutha kabeh padha geger, wong akeh padha teka kumrubut lan banjur nyekel Rasul Paulus, diseret metu saka ing Padaleman Suci sarta sanalika iku uga lawanging Padaleman Suci padha diinebake.