20 Salajengipun nalika rahipun Stefanus, seksi Paduka kawutahaken, kawula wonten ing ngriku, saha kawula ngrujuki pandamel punika, punapa dene kawula nengga panganggenipun tiyang-tiyang ingkang sami mejahi.
21 Nanging pangandikanipun Gusti dhateng kula: Mangkata, sabab Ingsun bakal ngutus sira adoh, menyang ing panggonane bangsa-bangsa liya.”
22 Rakyat ngrungokake Rasul Paulus nganti tekan pangandikane kang mangkono iku, nanging sawise iku banjur wiwit nguwuh-uwuh: “Tiyang punika kasirnakna saking ing bumi, boten pantes gesang!”
23 Wong-wong mau terus bae anggone bengok-bengok karo nguncalake jubahe sarta nyawur-nyawurake lebu mandhuwur,
24 mulane panggedhening prajurit banjur dhawuh nglebokake Rasul Paulus menyang ing beteng sarta mriksa lan nyapu panjenengane, supaya bisa kasumurupan apa sababe dene wong-wong iku padha bengok-bengok mangkono ing bab panjenengane.
25 Nanging nalika Rasul Paulus dilumahake arep disapu, panjenengane banjur ngandika marang opsir kang nglakoni wajib: “Punapa panjenengan dipun parengaken nyapu warganagari Rum, punapa malih tanpa dipun adili?”
26 Krungu katrangan mangkono iku, opsir mau banjur lapur marang panggedhening prajurit, ature: “Punapa ingkang badhe panjenengan tindakaken? Tiyang punika warganagari Rum?”