4 Punapa dene tiyang-tiyang ingkang sami ngenut margi punika sami kula kuya-kuya ngantos pejah; jaler-estri sami kula cepengi tuwin kula pasrahaken dhateng ing pakunjaran.
5 Menggah prakawis punika panjenenganipun Imam Agung saha Pradata Pinisepuh sapepakipun sami saged paring paseksen, kula inggih kaparingan serat-serat kangge para sadherek ing kitha Dhamsyik, lajeng kesah mrika badhe nyepengi tiyang-tiyang ing ngriku, ingkang sami ngenut margi punika, sami bahde kula bekta dhateng ing Yerusalem supados sami kaukum.
6 Nanging sareng lampah kula sampun celak ing kitha Dhamsyik, inggih punika ing wanci tengange, dumadakan wonten cahya ingkang gumebyar saking langit nglimputi kula.
7 Kula lajeng dhawah ing siti saha mireng swara ingkang ngandika dhateng kula makaten: Saulus, Saulus, yagene sira nganiaya marang Ingsun?
8 Atur wangsulan kula: Paduka punika sinten, Gusti? Pangandikanipun: Ingsun iki Yesus saka ing Nasaret, kang sira kuya-kuya.
9 Tiyang-tiyang ingkang sami sesarengan kaliyan kula, inggih sumerep cahya wau, nanging swaraning Panjenenganipun ingkang ngandika dhateng kula, punika sami boten mireng.
10 Kula lajeng munjuk: Gusti, punapa ingkang kedah kawula lampahi? Paring wangsulanipun Gusti dhateng kula: Ngadega, mangkata menyang ing kutha Dhamsyik. Ana ing kana sira bakal diparingi sumurup, apa kang bakal kabubuhake marang sira.