6 Nanging sareng lampah kula sampun celak ing kitha Dhamsyik, inggih punika ing wanci tengange, dumadakan wonten cahya ingkang gumebyar saking langit nglimputi kula.
7 Kula lajeng dhawah ing siti saha mireng swara ingkang ngandika dhateng kula makaten: Saulus, Saulus, yagene sira nganiaya marang Ingsun?
8 Atur wangsulan kula: Paduka punika sinten, Gusti? Pangandikanipun: Ingsun iki Yesus saka ing Nasaret, kang sira kuya-kuya.
9 Tiyang-tiyang ingkang sami sesarengan kaliyan kula, inggih sumerep cahya wau, nanging swaraning Panjenenganipun ingkang ngandika dhateng kula, punika sami boten mireng.
10 Kula lajeng munjuk: Gusti, punapa ingkang kedah kawula lampahi? Paring wangsulanipun Gusti dhateng kula: Ngadega, mangkata menyang ing kutha Dhamsyik. Ana ing kana sira bakal diparingi sumurup, apa kang bakal kabubuhake marang sira.
11 Sarehning kula boten saged ningali, jalaran saking kenging cahya ingkang mblerengi mripat wau, mila kanca-kanca ingkang tunggil lampah kaliyan kula lajeng nyepeng tangan kula, kula katuntun dhateng Dhamsyik.
12 Ing ngriku wonten satunggaling tiyang ingkang nama Ananias, tiyang ingkang manut angger-anggering Toret saha kaseksenan sae wonten ing satengahing sadaya tiyang Yahudi ingkang wonten ing ngriku.