1 Rasul Paulus banjur mandeng marang para warganing Pradata Agama sarta matur: “Para sadherek, ngantos dumugi dinten punika kula tetep gesang kalayan raosing manah ingkang resik wonten ing ngarsaning Allah.”
2 Nanging Imam Agung Ananias dhawuh marang wong-wong kang padha ngadeg cedhak Rasul Paulus, supaya napuk tutuke Rasul Paulus.
3 Rasul Paulus nuli mangsuli, ature: “Gusti Allah badhe napuk panjenengan, he, tembok ingkang ingusar pethak. Panjenengan lenggah wonten ing ngriki badhe ngadili kula miturut angger-anggering Toret, nanging panjenengan nerak angger-anggering Toret, jalaran dhawuh napuk kula.”
4 Wong-wong kang padha ana ing kono calathu: “Kowe iku nyenyamah marang Imam-Agunging Allah!”
5 Paring wangsulane Rasul Paulus: “O, para sadherek, kula boten mangretos bilih panjenenganipun punika Sang Imam Agung. Pancen wonten seratan makaten: Sira aja ngucapake tembung ala marang panggedhening bangsamu!”