1 Rasul Paulus banjur mandeng marang para warganing Pradata Agama sarta matur: “Para sadherek, ngantos dumugi dinten punika kula tetep gesang kalayan raosing manah ingkang resik wonten ing ngarsaning Allah.”
2 Nanging Imam Agung Ananias dhawuh marang wong-wong kang padha ngadeg cedhak Rasul Paulus, supaya napuk tutuke Rasul Paulus.
3 Rasul Paulus nuli mangsuli, ature: “Gusti Allah badhe napuk panjenengan, he, tembok ingkang ingusar pethak. Panjenengan lenggah wonten ing ngriki badhe ngadili kula miturut angger-anggering Toret, nanging panjenengan nerak angger-anggering Toret, jalaran dhawuh napuk kula.”
4 Wong-wong kang padha ana ing kono calathu: “Kowe iku nyenyamah marang Imam-Agunging Allah!”
5 Paring wangsulane Rasul Paulus: “O, para sadherek, kula boten mangretos bilih panjenenganipun punika Sang Imam Agung. Pancen wonten seratan makaten: Sira aja ngucapake tembung ala marang panggedhening bangsamu!”
6 Sarehne panjenengane mirsa, yen wartaning Pradata iku ana kang kalebu golonganing wong Saduki lan ana kang kalebu golonganing wong Farisi, mulane banjur nguwuh ana ing ngarsaning Pradata Agama: “Para sadherek, kula punika tiyang Farisi; kula dipun ladosaken dhateng ing ngarsaning Pradata punika, jalaran kula ngajeng-ajeng dhateng tanginipun tiyang pejah.”
7 Bareng panjenengane ngandika mangkono, wong-wong Farisi lan wong-wong Saduki padha dredah satemah wong akeh banjur pecah dadi rong golongan.