11 Dados, manawi kula saestu lepat lan nindakaken piawon ingkang pantes kaukum pejah, kula eklas pejah, nanging manawi punapa ingkang kagigataken tumrap kula punika kabukten boten leres, boten wonten tiyang ingkang wenang masrahaken kula dhateng tiyang-tiyang punika kadosdene ganjaran. Kula nyuwun minggah dhateng pangadilanipun Sang Nata Agung!”
12 Bareng wis karembag karo para warganing pangadilan, Sang Festus banjur ngandika: “Kowe nyuwun munggah marang Sang Nata Agung, yen mangkono kowe kudu sowan ing ngarsane Sang Nata Agung.”
13 Let sawatara dina Sang Prabu Agripa karo Sang Putri Bernike rawuh ing Kaisarea karsa mbagekake Sang Festus.
14 Sarehne lereb ana ing kono sawatara dina, Sang Festus nyariyosake prakarane Rasul Paulus marang Sang Nata, ature: “Ing ngriki wonten satunggaling tiyang tahanan ingkang dipun tilar Feliks, nalika tindak.
15 Kala kula wonten ing Yerusalem, para pangajenging imam saha para pinisepuhipun tiyang Yahudi sami nggigat piyambakipun saha nyuwun, supados tiyang punika dipun ukum.
16 Kula mangsuli, bilih tiyang Rum boten gadhah adat masrahaken dakwa kadosdene ganjaran, saderengipun ajeng-ajengan kaliyan ingkang sami ndakwa saha dipun lilani ngaturaken panjawab tumrap gigatanipun.
17 Milanipun tiyang-tiyang wau lajeng sami tumut mriki sesarengan kaliyan kula. Enjingipun kula lajeng ngawontenaken parepatan pangadilan saha aken ngladosaken tiyang punika.