16 Kula mangsuli, bilih tiyang Rum boten gadhah adat masrahaken dakwa kadosdene ganjaran, saderengipun ajeng-ajengan kaliyan ingkang sami ndakwa saha dipun lilani ngaturaken panjawab tumrap gigatanipun.
17 Milanipun tiyang-tiyang wau lajeng sami tumut mriki sesarengan kaliyan kula. Enjingipun kula lajeng ngawontenaken parepatan pangadilan saha aken ngladosaken tiyang punika.
18 Nanging sareng tiyang-tiyang ingkang sami nggigat ngadeg ngupengi piyambakipun, sami boten ngajengaken gigatan bab pandamel awon, kados panginten kula.
19 Tiyang-tiyang wau namung sami padudon ing bab-bab ingkang gegayutan kaliyan agaminipun saha satunggalipun tiyang ingkang nama Yesus, ingkang sampun pejah, mangka Paulus mratelakaken, bilih Piyambakipun gesang.
20 Sarehning kula kewedan anggen kula mriksa prakawis ingkang kados makaten punika, kula lajeng naros piyambakipun, punapa purun dhateng Yerusalem, supados prakawisipun dipun adili wonten ing ngrika.
21 Nanging Paulus nginggahaken prakawisipun. Piyambakipun nyuwun, supados lestantun dipun tahan, ngantos prakawisipun kaputus dening Sang Nata Agung. Milanipun lajeng kula dhawuhaken, supados tiyang punika lestantun katahan ngantos saged kula sowanaken dhateng ing ngarsanipun Sang Nata Agung.”
22 Sang Prabu Agripa ngandika marang Sang Festus: “Kula kapengin mirengaken paturanipun tiyang punika piyambak.” Atur wangsulane Sang Festus: “Benjing-enjing panjenengan badhe mindhangetaken.”