2 Para pangareping imam lan wong-wong Yahudi kang kajen keringan padha sowan lan ngaturake pandakwane marang Rasul Paulus
3 sarta nyuwun kamurahan, kang gawe kojure Rasul Paulus, yaiku supaya Rasul Paulus didhawuhi menyang Yerusalem. Sabab wong-wong mau padha ngrancang arep nyedani panjenengane ana ing dalan.
4 Nanging Sang Festus paring wangsulan, yen Rasul Paulus tetep ditahan ana ing Kaisarea, dene panjenengane piyambak bakal enggal-enggal kondur mrana.
5 Pangandikane: “Mulane wong-wong panunggalanmu kang padha nyekel panguwasa supaya padha mrana bebarengan karo aku lan ngajokake pandakwane, manawa ana kaluputane.”
6 Sang Festus anggone lereb ana ing Yerusalem ora luwih saka wolu utawa sapuluh dina, banjur kondur menyang Kaisarea. Esuke panjenengane lenggah ing pangadilan lan dhawuh ngladekake Rasul Paulus.
7 Bareng Rasul Paulus wis disowanake, kabeh wong Yahudi kang teka saka ing Yerusalem padha ngadeg ngepung lan ngaturake gugatan akeh kang abot tumrap panjenengane kang ora bisa dibuktekake dening wong-wong mau.
8 Kosok-baline Rasul Paulus ngaturake panjawab mangkene: “Kula sakedhik kemawon boten lepat, punapa dhateng angger-anggering Toretipun tiyang Yahudi, punapa dhateng Padaleman Suci utawi dhateng Sang Nata Agung.”