14 Nanging ora antara suwe nuli ana prahara saka ing pulo iku, kang diarani angin “Lor-Wetan”.
15 Praune kabuncang lan ora bisa nahan tumempuhing angin. Mulane aku kabeh banjur pasrah lan ngeli bae.
16 Wasana aku padha kentir tekan ing pasisiring pulo cilik kang aran Kauda; ana ing kono kalawan rekasa anggonku padha bisa nggondheli sekocining kapal.
17 Bareng sekoci mau diunggahake ing kapal, wong-wong padha ngudi nulungi kapale srana digodhi. Sarehne sumelang manawa kapale bakal kandhas ing klabar Sirtis, layare nuli diudhunake lan banjur ngeli bae.
18 Sarehne banget naggonku padha katempuh ing prahara, mulane esuke wong-wong padha wiwit mbuwangi momotaning kapal menyang ing sagara.
19 Ing telung dinane padha mbuwangi pirantining kapal dhewe.
20 Bareng nganti sawatara dina srengenge utawa lintang-lintang ora katon sarta tansah kaancam ing angin prahara kang nggegirisi, aku kabeh wis ora duwe pangarep-arep yen bakal slamet.