28 Banjur ngukur jerone nganggo bandhul jajagan, tinemu rong puluh dhepa. Bareng wis maju sawatara, nuli njajagi maneh, tinemu limalas dhepa.
29 Sarehne aku kabeh sumelang, yen bakal kandhas ing salah sawijining parang, mulane wong-wong padha mbuwangi jangkar papat kang ana ing buritan sarta aku padha ngarep-arep, muga-muga enggal esuk.
30 Nanging wong-wong kapal padha sumedya minggat saka ing prau, sarta padha ngudhunake sekoci, rewa-rewa arep mbuwangi jangkar saka ing ngarep.
31 Mulane Rasul Paulus banjur matur marang opsir lan para prajurit: “Manawi tiyang-tiyang punika boten lestantun wonten ing baita, panjenengan sadaya boten badhe wilujeng.”
32 Para prajurit banjur ngethoki talining sekoci, tumuli dicegurake.
33 Bareng wis ngarepake raina, Rasul Paulus ngatag marang wong kabeh, padha dipurih mangan, pangandikane: “Sampun kawan welas dinten dangunipun anggen panjenengan sami ngantos-antos kemawon, nahan-nahanaken luwe boten dhahar punapa-punapa.
34 Milanipun kula ngaturi pamraogi, sami karsaa dhahar rumiyin. Bab punika prelu kangge kawilujengan panjenengan. Ing antawis panjenengan boten wonten satunggal kemawon ingkang badhe kecalan rambut sanadyan namung saeler kemawon saking sirahipun.”