41 Nanging banjur nabrak klabar, temahan praune kandhas. Perangan kang ngarep ambles ora bisa obah, dene kang buri remuk marga saka panempuhing alun kang nggegirisi.
42 Nalika samana para prajurit sedyane arep mateni pasakitan kabeh, supaya ora ana siji-sijia kang bisa minggat kalawan nglangi.
43 Nanging opsire kapengin nggesangi Rasul Paulus. Mulane niyate para prajurit mau digagalake sarta prentah, supaya wong-wong kang bisa nglangi padha ndhisiki nyegur ing sagara lan munggah ing dharatan,
44 dene wong-wong liyane padha didhawuhi nusul kalawan migunakake blabag utawa pecahan-pecahan prau. Mangkono dadine wong kabeh mau padha bisa munggah ing dharatan kanthi slamet.