15 Para sadulur ing kono wis padha krungu warta bab tekaku kabeh, banjur padha methuk nganti tekan ing papan kang aran Forum Apius lan ing Tres Taberne. Bareng Rasul Paulus mirsani para sadulur mau, banjur ngunjukake panuwun marang Gusti Allah sarta iku ndadekake santosaning panggalihe.
16 Bareng aku wis padha tekan ing kutha Rum, Rasul Paulus diparengake dedalem piyambak karo prajurit siji kang rumeksa.
17 Sawise telung dina Rasul Paulus nuli ngaturi rawuh para panggedhening bangsa Yahudi lan bareng wis padha nglumpuk, banjur dipangandikani mangkene: “Para sadherek, sanadyan kula boten kalepatan dhateng bangsa kita utawi dhateng adat-tata-caranipun para leluhur kita, ewadene kula dipun cepeng wonten ing kitha Yerusalem saha lajeng dipun pasrahaken dhateng tiyang Rum.
18 Sareng kula sampun kapriksa, sami sumedya ngluwari, amargi boten wonten kalepatan kula satunggal kemawon, ingkang pantes katrap ing paukuman pejah.
19 Ananging tiyang-tiyang Yahudi sami mabeni, mila kula lajeng kapeksa nginggahaken prakawis punika dhateng ing ngarsanipun Sang Nata Agung, nanging boten kanthi sedya badhe nggigataken bangsa kita.
20 Pramila kula lajeng ngaturi rawuh panjenengan sadaya prelu badhe pirembagan, amargi awit saking pangajeng-ajengipun bangsa Israel punika kula lajeng karante.”
21 Nanging banjur padha mangsuli: “Kula boten sami tampi serat-serat saking tanah Yudea bab panjenengan, punapa dene inggih boten wonten satunggal kemawon saking sadherek-sadherek kita ingkang mriki martosaken bab ingkang awon tumrap panjenengan.