2 Wong pribumi ing pulo kono becik banget tangkep marang aku kabeh. Padha gawe totor gedhe sarta banjur ngajak aku kabeh mrono, jalaran wis wiwit udan, lan hawane adhem.
3 Nalika Rasul Paulus mundhut kayu garing sabongkok lan ditumpangake ing geni mau, ana ula bedhudhak kang metu, amarga saka panase.
4 Bareng wong-wong padha ndeleng ula kumlawer kanthil ing astane Rasul Paulus, banjur padha rerasanan: “Wong iki mesthi wong kang dosa pati, sabab sanadyan wis bisa oncat saka bebaya ing sagaya, Dewi Kaadilan ora marengake dheweke lestari urip.”
5 Nanging Rasul Paulus nuli ngipatake ula mau menyang ing geni, dene panjenengan babar pisan ora apa-apa.
6 Ewadene wong-wong padha ngira, yen bakal abuh utawa bakal seda sanalika iku uga. Nanging dienteni nganti suwe, padha weruh, yen panjenengane ora apa-apa, satemah banjur mbalik panemune, ngarani, yen Rasul Paulus iku dewa.
7 Ora adoh saka ing panggonan kono ana palemahan, kagungane gupernur ing pulo iku. Gupernur iku asmane Publius. Iku kang nampani lan paring pamondhokan marang aku kabeh lawase telung dina kalawan rumaket.
8 Kacarita nalika samana ramane Sang Publius sarean bae marga gerah benter lan desentri. Rasul Paulus banjur tindak lumebet ing kamare nuli ndedonga sarta banjur numpangake astane ing sarirane, satemah dadi senggang.