4 Karone padha mirsani wong iku sarta Rasul Petrus tumuli ngandika: “Aku ingetna.”
5 Wong mau iya banjur mandeng marang karone kanthi pangarep-arep bakal kaparingan apa-apa.
6 Nanging Rasul Petrus nuli ngandika: “Emas lan salaka aku ora duwe, nanging kang aku duwe, kowe dakwenehi: Atas asmane Gusti Yesus Kristus saka ing Nasaret, lumakua!”
7 Panjenengane banjur ngasta tangane tengen wong mau, nulungi anggone ngadeg. Sanalika iku uga sikile lan poloke wong mau dadi kukuh,
8 tumuli njumbul ngadeg sarta mlaku-mlaku mrana-mrene sarta banjur ndherek karone lumebu menyang ing Padaleman Suci, kalawan lumaku lincak-lincak sarta memuji marang Gusti Allah.
9 Rakyat weruh kabeh anggone mlaku-mlaku kambi memuji marang Gusti Allah iku
10 sarta iya banjur padha ora pangling, yen wong iku kang adate lungguh ngemis ana ing Gapura Endah ing Padaleman Suci, satemah padha kaeraman lan kegawokan marang apa kang wus kalakon mungguh ing wong mau.