Lelakone Para Rasul 3:9-15 JAV

9 Rakyat weruh kabeh anggone mlaku-mlaku kambi memuji marang Gusti Allah iku

10 sarta iya banjur padha ora pangling, yen wong iku kang adate lungguh ngemis ana ing Gapura Endah ing Padaleman Suci, satemah padha kaeraman lan kegawokan marang apa kang wus kalakon mungguh ing wong mau.

11 Sarehne wong iku tansah ngetutake marang Rasul Petrus lan Rasul Yokanan, mulane wong akeh kang padha kaeraman banget iku kabeh padha teka ngrubung ana ing srambi kang aran Srambi Suleman.

12 Bareng Rasul Petrus mirsa wong akeh iku, banjur ngandika: “Para sadherek Israel, punapaa dene panjenengan sadaya sami gumun dhateng lelampahan punika saha punapa sababipun dene penjenengan sami mirsani dhateng kula, kados-kados kula ingkang murugaken tiyang punika saged lumampah, margi saking panguwaos utawi kamursidan kula piyambak?

13 Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak lan Yakub, Gusti Allahipun leluhur kita sampun ngluhuraken Abdinipun, inggih punika Gusti Yesus ingkang panjenengan ulungaken saha panjenengan tampik wonten ing ngarsanipun Sang Pilatus, sanadyan Sang Pilatus nggalih, bilih Panjenenganipun kedah dipun luwari.

14 Nanging panjenengan sampun nampik Ingkang Suci saha leres, sarta ngarsakaken tiyang ingkang damel pepejah, supados kaparingaken dhateng panjenengan.

15 Margi saking makaten punika, dados panjenengan nyedani Panjenenganipun ingkang dados Panuntuning gesang, nanging lajeng sampun kawungokaken dening Gusti Allah saking antawisipun tiyang pejah; saha tumrap bab punika kula ingkang sami dados seksinipun.