4 Nanging wong kang padha ngrungokake piwulange mau akeh kang manjing pracaya, temahan cacahe wong lanang kira-kira dadi limang ewu.
5 Kacarita esuke para pangarepe wong Yahudi lan para pinituwa sarta para ahli Toret padha nganakake parepatan ana ing Yerusalem
6 karo Imam Agung Hanas lan Kayafas, Yokanan lan Aleksandher apadene kabeh wong, kang kagolong trah Imam Agung.
7 Rasul Petrus lan Rasul Yokanan banjur diladekake marang ngarsaning parepatan tuwin wiwit dipriksa kalawan didangu mangkene: “Panggawemu kang mangkono mau kalawan panguwasa apa lan atas jenenge sapa?”
8 Rasul Petrus, kapenuhan ing Sang Roh Suci, tumuli matur: “Kula nuwun, para pangajenging bangsa saha para pinisepuh,
9 sarehning sapunika kula sami kapriksa bab pandamel sae dhateng tiyang sakit saha kedah nerangaken kalayan panguwaos ingkang pundi tiyang punika anggenipun kasarasaken,
10 pramila panjenengan sadaya dalah sabangsa Israel sami kula aturi uninga, bilih punika margi saking asmanipun Gusti Yesus Kristus saking Nasaret, ingkang sampun panjenengan salib, nanging ingkang sampun kawungokaken saking antawisipun tiyang pejah dening Gusti Allah -- inggih margi saking Gusti Yesus punika tiyang punika saged ngadeg, pinanggih sampun saras wonten ing ngarsa panjenengan sapunika.