1 Ing nalika iku, bareng cacahe para siswa saya wuwuh, tumuli thukul pangumel-umel ing antarane wong-wong Yahudi kang basane Yunani marang wong-wong Ibrani, amarga anggone nyadhongi para randhane ing paladen saben dinane kalirwakake.
2 Mulane rasul rolas banjur nimbali kabeh para siswa, padha diklumpukake lan dipangandikani: “Aku padha rumangsa ora marem, dene marga saka leladi mangan banjur nglirwakake pangandikaning Allah.
3 Mulane, para sadulur, padha miliha wong pitu saka ing antaramu, kang wus katitik becik, lan kapenuhan ing Roh sarta kawicaksanan, supaya kenaa dakangkat kanggo bubuhan iku
4 satemah aku kabeh bisa ngelengake pikiran ana ing pandonga lan ing ayahaning pangandika.”