5 Usul iku diturut dening wong sapasamuwan kabeh, banjur milih Stefanus, wong kang kapenuhan ing pracaya lan Roh Suci, sarta Filipus, Prokhorus, Nikanor, Timon, Parmenas, tuwin Nikolaus, wong kang ngrasuk agama Yahudi saka ing Antiokhia.
6 Wong iku padha diajokake marang ing ngarsane para rasul, kang banjur padha ndongakake sarta numpangi asta.
7 Pangandikaning Allah saya sumebar, sarta cacahe siswa ing Yerusalem saya mundhak akeh. Dalah para imam akeh kang padha manut lan manjing pracaya.
8 Anadene Sang Stefanus iku penuh ing rahmat lan panguwasa, nganakake mukjijat-mukjijat lan pratandha-pratandha ana ing antarane wong akeh.
9 Nanging banjur ana wong sawatara saka pasamuwan Yahudi, kang kaaranan pasamuwane wong Libertini -- para wargane pasamuwan iku wong saka ing kutha Kirene lan kutha Aleksandria -- bebarengan karo wong Yahudi sawatara saka ing tanah Kilikia lan tanah Asia, kang padha bebantahan karo Sang Stefanus,
10 nanging padha ora bisa nglawan kawicaksanane sarta Sang Roh Suci, kang nuntun pamicarane.
11 Nuli padha ngojok-ojoki wong sawatara supaya padha duwea atur mangkene: “Kula sampun sami mireng piyambakipun nyenyamah dhumateng Nabi Musa saha Gusti Allah.”