19 Ratu punika ngempakaken paekan dhateng bangsa kita, para leluhur kita dipun siya-siya saha dipun purih mbucali bayi-bayinipun, supados bangsa kita punika sampun ngantos tumangkar.
20 Kala samanten punika Nabi Musa miyos, rupinipun bagus saha dados keparenging Allah, lajeng kagulawenthah wonten ing dalemipun ingkang rama tigang wulan laminipun.
21 Lajeng kabucal, nanging tumunten kapupu dening putranipun putri Sang Prabu Pringon, ingkang dhawuh nggulawenthah kados putranipun piyambak.
22 Nabi Musa nunten kawulang ing bab kasagedanipun tiyang Mesir sadaya, satemah lajeng kadunungan kalangkungan micara saha ing pandamel.
23 Sareng sampun yuswa kawan dasa taun, panjenenganipun kagungan karsa badhe nuweni para kadangipun inggih punika tiyang Israel.
24 Nalika punika panjenenganipun mirsa tiyang dipun kaniaya dening tiyang Mesir, nunten dipun pitulungi saha dipun belani, tiyang Mesir wau dipun pejahi.
25 Pangintenipun, para kadangipun badhe mangretos, bilih panjenenganipun dipun agem dening Gusti Allah ngluwari piyambakipun sadaya, nanging sami boten mangretos.