Lelakone Para Rasul 7:36-42 JAV

36 Inggih panjenenganipun punika ingkang ngirid medal tiyang-tiyang wau sarana nindakaken mukjijat-mukjijat tuwin pratandha-pratandha wonten ing tanah Mesir, wonten ing Saganten Abrit tuwin wonten ing ara-ara-samun, ngantos kawan dasa taun dangunipun.

37 Inggih Nabi Musa punika ingkang ngandika dhateng tiyang-tiyang Israel: Gusti Allah bakal ngadegake nabi kaya aku iki kanggo ing kowe saka ing antarane para sadulurmu.

38 Inggih Nabi Musa punika ingkang dados pantawis wonten ing salebeting pasamuwan wonten ing ara-ara-samun ing antawisipun malaekat ingkang nglairaken pangandika dhateng panjenenganipun wonten ing redi Sinai kaliyan leluhur kita, saha inggih panjenenganipun ingkang tampi pangandika-pangandika ingkang gesang, supados kaparingaken dhateng panjenengan sadaya.

39 Nanging leluhur kita boten sami mbangun-turut dhateng panjenenganipun, malah dipun tampik. Ing salebeting manah sami kapengin wangsul dhateng ing tanah Mesir.

40 Dhateng Sang Harun aturipun makaten: Kula sadaya panjenengan damelaken allah-allah sawatawis, ingkang badhe tindak wonten ing sangajeng kula, amargi Nabi Musa ingkang sampun nuntun kula sadaya medal saking ing tanah Mesir -- kula sami boten sumerep ing kadadosanipun.

41 Kala samanten lajeng sami damel rerekan pedhet, sarta brahala punika nunten dipun sajeni, saha lajeng sami sukan-sukan ing bab punapa ingkang dipun damel piyambak punika.

42 Gusti Allah lajeng mengkeraken tiyang-tiyang wau saha dipun umbar anggenipun sami nyembah dhateng ing wadya-balaning langit, kados ingkang sampun kaseratan wonten ing kitabipun para nabi makaten:Apa sira tau nyaosake kurban sembelehan lan pisungsung marang Ingsun,sajrone patang puluh taun ana ing ara-ara-samun, heh turune Israel?