Lelakone Para Rasul 7:40-46 JAV

40 Dhateng Sang Harun aturipun makaten: Kula sadaya panjenengan damelaken allah-allah sawatawis, ingkang badhe tindak wonten ing sangajeng kula, amargi Nabi Musa ingkang sampun nuntun kula sadaya medal saking ing tanah Mesir -- kula sami boten sumerep ing kadadosanipun.

41 Kala samanten lajeng sami damel rerekan pedhet, sarta brahala punika nunten dipun sajeni, saha lajeng sami sukan-sukan ing bab punapa ingkang dipun damel piyambak punika.

42 Gusti Allah lajeng mengkeraken tiyang-tiyang wau saha dipun umbar anggenipun sami nyembah dhateng ing wadya-balaning langit, kados ingkang sampun kaseratan wonten ing kitabipun para nabi makaten:Apa sira tau nyaosake kurban sembelehan lan pisungsung marang Ingsun,sajrone patang puluh taun ana ing ara-ara-samun, heh turune Israel?

43 Ora tau, malah sira padha ngusung tarube Molokh lan lintange dewa Refan,reca-reca kang padha sira gawe sarta sira dadekake sesembahan.Mulane sira bakal Sunbuwang nganti tekan ing sisih kananing tanah Babil.

44 Tarubing Paseksen wonten ing satengahing leluhur kita wonten ing ara-ara-samun, ingkang kayasa awit saking dhawuhipun Gusti Allah dhateng Nabi Musa, miturut tuladha ingkang sampun dipun tingali.

45 Tarub wau tinampen dening leluhur kita sarta lajeng kabekta lumebet dhateng ing tanah punika kalayan katuntun dening Yusak, inggih punika nalika tanah punika karebat saking bangsa-bangsa sanes, ingkang kakesahaken dening Gusti Allah saking sangajenging leluhur kita; makaten ngantos dumugi jamanipun Sang Prabu Dawud.

46 Sang Prabu Dawud sampun tampi sih-rahmat wonten ing ngarsanipun Gusti Allah saha nyuwun, pinarengna ngadegaken satunggaling padaleman kagem Allahipun Rama Yakub.