47 Nanging Sang Prabu Suleman ingkang yasa padaleman kagem Gusti Allah.
48 Namung kemawon Ingkang Mahaluhur boten dedalem ing yeyasaning tanganipun manungsa, kados ingkang kapangandikakaken dening nabi makaten:
49 Langit iku dhamparingSun,sarta bumi iku ancik-anciking sampeyaningSun.Padaleman apa kang bakal sira yasa kagem Ingsun?mangkono pangandikaning Pangeran, utawa apa panggonan palerebaningSun?
50 Apa dudu astaningSun piyambak kang yasa samubarang iki kabeh?
51 Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya.
52 Nabi-nabi punika pundi ingkang boten dipun kaniaya dening leluhur sampeyan. Malah sami mejahi tiyang-tiyang ingkang langkung rumiyin memeca bab rawuhipun Sang Sunyata, ingkang sapunika sampun sampeyan cidra lan sampeyan sedani.
53 sampeyan sampun sami tampi angger-anggering Toret, ingkang dipun paringaken lumantar para malaekat, nanging sami boten sampeyan tetepi.”