53 sampeyan sampun sami tampi angger-anggering Toret, ingkang dipun paringaken lumantar para malaekat, nanging sami boten sampeyan tetepi.”
54 Bareng para warganing Pradata Agama mireng iku mau kabeh, padha rumaos kecocog panggalihe sarta padha nglawan kalawan kerot-kerot waja.
55 Nanging Sang Stefanus kapenuhan ing Roh Suci, tumenga marang ing langit, banjur mirsa kamulyaning Allah lan Gusti Yesus jumeneng ing tengening Allah.
56 Nuli ngandika: “Sanyata, aku weruh langit piyak lan Putraning Manungsa jumeneng ing tengening Allah.”
57 Wong-wong nuli pada bengok-bengok nempuh marang Sang Stefanus kalawan nutupi kupinge.
58 Banjur diglandhang menyang ing sajabaning kutha, lan dibenturi watu. Para seksi padha cucul jubah ana ing ngarepe wong nom-noman kang jenenge Saulus.
59 Sang Stefanus sajrone dibenturi watu mau, ndedonga unjuke: “Dhuh Gusti Yesus, mugi karsaa nampeni roh kawula.