1 Anadene Saulus atine isih kebak pangancam-ancam sarta pangigit-igit arep mateni para siswane Gusti, banjur seba marang ngarsane Imam Agung,
2 lan nyuwun layang kuwasa kang arep digawa menyang ing papan-papan pangibadah ing Damsyik, supaya samangsa mrangguli wong lanang utawa wong wadon kang padha nganut Margining Gusti, banjur bisa dicekel lan digawa menyang Yerusalem.
3 Sajrone lumaku iku, bareng wis cedhak karo kutha Damsyik, dumadakan nuli ana cahya cumlorot saka ing langit kang nglimputi dheweke.
4 Tumuli niba ing lemah sarta krungu swara kang mangandikani mangkene: “Saulus, Saulus, yagene sira nganiaya marang Ingsun?”
5 Atur wangsulane Saulus: “Paduka punika sinten, Gusti?” Pangandikane Gusti: “Ingsun iki Yesus, kang sira kaniaya iku.
6 Nanging ngadega, lumebua ing kutha, ana ing kono sira bakal didhawuhi apa kang kudu sira lakoni.”