29 apadene uga wawan gunem lan bebantahan karo para wong Yahudi kang basane Yunani, nanging iku padha ngarah mateni.
30 Mung bae, bareng bab iku kasumurupan dening para sadulur warganing pasamuwan, banjur padha ngaterake Saulus menyang Kaisarea lan saka ing kono mbiyantu anggone menyang ing Tarsus.
31 Anadene ing sawatara wektu pasamuwan ing satanah Yudea, Galilea lan Samaria kabeh kaanane tentrem, padha kabangun sarta padha wedi-asih marang ing Pangeran. Cacahe saya wuwuh akeh marga saka anggone kapitulungan sarta kalipur dening Sang Roh Suci.
32 Nalika samana Rasul Petrus tindak mider-mider, tetuwi menyang ing ngendi-endi. Panjenengane uga ngrawuhi para suci ing kutha Lida.
33 Ana ing kono mrangguli wong kang aran Eneas, kang wis wolung taun nggluntung ana ing paturon amarga lumpuh.
34 Iku dipangandikani dening Rasul Petrus: “Eneas, Gusti Yesus nyarasake kowe; tangia lan paturonmu tatanen!” Sanalika iku uga wong mau banjur tangi.
35 Kabeh wong ing Lida lan Saron padha ndeleng wong mau, satemah banjur padha mratobat marang Gusti.