Jabur 10 JAV

1 Dhuh Yehuwah, punapaa dene Paduka jumeneng wonten ing katebihan,sarta umpetan ing wekdal karupekan?

2 Amargi gumunggungipun tiyang duraka sanget-sanget anggenipun mbebujeng para tiyang ingkang katindhes.Mugi-mugi tiyang duraka punika ketamana ing kekajenganipun awon ingkang karantam.

3 Awit tiyang duraka punika ngegung-egungaken pepenginaning manahipun,lan tiyang kethaha punika nyupatani lan ngawon-awon Sang Yehuwah.

4 Tiyang duraka wicanten kaliyan nyungiraken irungipun:“Gusti Allah rak ora bakal nuntut!”sadaya gagasanipun mungel: “Ora ana Allah.”

5 Salampah-lampahipun tansah kasil,pangadilan Paduka kinggilen tumrap piyambakipun;sadaya ingkang nglawan dipun remehaken.

6 Manahipun mosik makaten: “Aku ora bakal gograg,aku ora bakal tinempuh ing bilai nganti turun-tumurun.”

7 Cangkemipun kebak ipat-ipat lan cidra sarta panyikara,ilatipun isi piawon lan panyiksa.

8 Tiyang wau ngindhik-indhik wonten ing gubug-gubug,wonten ing pandhelikan mejahi tiyang ingkang boten lepat,mripatipun ngindhik tiyang ingkang apes.

9 Wonten ing pangumpetan ngulat-ulataken,kados singa wonten ing gegrumbulan;ngindhik-indhik sumedya nubruk tiyang ingkang kesrakat,kagered dhateng ing jaringipun.

10 Mendhak, ndhekem,para tiyang ringkih lajeng sami dhumawah ing cengkeremaning kukunipun ingkang kiyat.

11 Tiyang wau mosik ing salebeting manahipun: “Gusti Allah kalepyan,wedanane ditutupi, mesthi bakal ora pirsa ing sateruse.”

12 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng. Dhuh Allah mugi karsaa mulungaken asta Paduka,sampun ngantos kesupen dhateng tiyang ingkang kesrakat.

13 Punapaa dene tiyang duraka nyenyamah Gusti Allah,kaliyan mosik ing salebeting manahipun: “Gusti Allah rak ora nuntut.”

14 Paduka pancen mirsa, awit Paduka nguningani kasisahan tuwin sakiting manah,Paduka pundhut wonten ing asta Paduka piyambak,tiyang apes sumendhe ing Paduka,Paduka punika ingkang mitulungi lare lola.

15 Tanganipun tiyang duraka saha tiyang awon mugi Paduka tugel,durakanipun mugi Paduka cuthati, ngantos Paduka boten manggih malih.

16 Sang Yehuwah jumeneng Raja ing sateruse lan ing salawase.Bangsa-bangsa padha sirna saka ing tanah kagungane.

17 Dhuh Yehuwah, pepenginanipun para tiyang ingkang katindhes sampun Paduka pirengaken.Manahipun Paduka santosakaken, talingan Paduka tumiling,

18 prelu paring kaleresan dhateng lare lola saha tiyang ingkang katindhes,supados sampun ngantos wonten manungsa ing bumi malih ingkang damel giris.